38 Wadhah barané wong-wong sing mati merga dosa kuwi kudu digawé dadi lèmpèngan tipis kanggo nglapisi mézbah,+ merga kuwi kabèh wis diwènèhké ing ngarepé Yéhuwah lan dadi suci. Kuwi kudu dadi tandha kanggo wong Israèl.”+
10 Aja seneng protès kaya wong-wong kuwi.+ Wektu kuwi, wong-wong kuwi dipatèni karo malaékat.+11 Kabèh sing dialami wong-wong kuwi dadi conto kanggo awaké dhéwé. Kuwi ya ditulis kanggo ngélikké awaké dhéwé+ sing urip ing akhir jaman iki.*