-
Purwaning Dumadi 38:7-10Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
7 Ning, tumindaké Èr, anaké Yéhuda sing pertama, nggawé Yéhuwah ora seneng. Mula, dhèwèké dipatèni Yéhuwah. 8 Terus Yéhuda kandha karo Onan, ”Kowé kudu nikah karo bojoné kakangmu bèn kakangmu isa nduwé keturunan liwat kowé.”+ 9 Ning, Onan ngerti nèk keturunan kuwi ora bakal dadi keturunané dhèwèké.+ Mula, wektu nindakké hubungan sèks karo bojoné kakangé, Onan mbuwang air maniné ing lemah bèn kakangé ora nduwé keturunan.+ 10 Tumindaké Onan nggawé Yéhuwah ora seneng. Mula, dhèwèké ya dipatèni Gusti Allah.+
-