PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangentasan 24:7
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 7 Musa njupuk buku perjanjian, terus diwacakké marang bangsa Israèl.+ Wong-wong kuwi kandha, ”Aku gelem nindakké lan manut karo kabèh préntahé Yéhuwah.”+

  • Pangandharing Torèt 8:12-14
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 12 Nèk kowé wis mangan nganti wareg, mbangun omah sing apik lan manggon ing kono,+ 13 terus ternakmu tambah akèh, pérak lan emasmu tambah akèh, lan bandhamu tambah akèh, 14 aja dadi sombong+ lan aja nglalèkké Yéhuwah Gusti Allahmu, sing wis nggawa kowé metu saka tanah Mesir, panggonan wektu kowé dadi budhak.+

  • Pangandharing Torèt 29:1
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 29 Sakliyané nggawé perjanjian karo wong Israèl ing Horèb,+ Yéhuwah ya ngongkon Musa nggawé perjanjian liyané karo wong Israèl ing tanah Moab lan nyampèkké isi perjanjian kuwi marang wong Israèl.

  • Néhémia 9:26
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 26 ”Ning, wong-wong kuwi ora manut, mbrontak nglawan Njenengan,+ lan ninggalké Hukumé Njenengan. Nabi-nabiné Njenengan sing wis ngélikké wong-wong kuwi bèn padha bali marang Njenengan malah dipatèni. Wong-wong kuwi bener-bener ora ngajèni Njenengan.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim