-
Pangentasan 14:25Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
25 Dhèwèké nggawé rodha-rodha krétané Mesir copot, mula kréta-kréta kuwi angèl mlakuné. Wong Mesir kandha, ”Ayo mlayu! Aja cedhak-cedhak wong Israèl, merga Yéhuwah perang kanggo wong Israèl nglawan awaké dhéwé.”+
-
-
1 Samuèl 4:8Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
8 Awaké dhéwé mesthi bakal cilaka! Sapa sing bakal nylametké awaké dhéwé saka Gusti Allah sing kuwat? Gusti Allah iki sing nyerang Mesir nganggo akèh bencana ing padhang belantara.+
-
-
Ézra 1:2, 3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
2 ”Iki sing diomongké Korès raja Pèrsia, ’Yéhuwah, Gusti Allah sing nguwasani swarga, wis mènèhi kabèh kerajaan ing bumi marang aku,+ lan Dhèwèké nugasi aku mbangun omah kanggo Dhèwèké ing Yérusalèm,+ yaiku ing Yéhuda. 3 Sapa waé ing antaramu sing dadi umaté, muga-muga Gusti Allahé ndhukung wong kuwi. Balia menyang Yérusalèm ing Yéhuda lan bangunen manèh omahé Yéhuwah Gusti Allahé Israèl. Dhèwèké kuwi Gusti Allah sing bener, sing omahé mbiyèn ana ing Yérusalèm.*
-