-
Purwaning Dumadi 48:19, 20Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
19 Ning, bapaké ora gelem lan kandha, ”Ya, Lé. Aku ngerti. Manasyé bakal dadi wong sing hébat, lan keturunané ya bakal dadi bangsa. Ning, adhiné bakal luwih hébat,+ lan keturunané* bakal dadi akèh banget nganti jumlahé padha karo jumlahé akèh bangsa.”+ 20 Dina kuwi, Israèl terus mberkahi bocah-bocah kuwi,+
”Wong Israèl bakal nyebut jenengmu wektu wong-wong kuwi ngucapké berkah,
’Muga-muga Gusti Allah nggawé kowé kaya Éfraim lan Manasyé.’”
Israèl tetep ngutamakké Éfraim timbang Manasyé.
-