-
Yosua 13:24-28Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
24 Terus, Musa mènèhké tanah warisan marang suku Gad nurut keluargané suku Gad, 25 lan wilayahé termasuk Yazèr,+ kabèh kutha ing Giléad, lan setengah saka dhaérahé wong Ammon,+ nganti tekan Aroèr sing ngadhep Raba;+ 26 saka Hésbon+ nganti tekan Ramat-mizpé lan Bétonim, lan saka Mahanaim+ nganti perbatasané Débir; 27 dhaérah ing lembah, yaiku Bèt-haram, Bèt-nimra,+ Sukot,+ lan Zafon, kuwi dhaérah liyané saka kerajaané Raja Sihon saka Hésbon.+ Batas wilayahé suku Gad kuwi sisih wétané Kali Yordan nganti tekan Laut Khinèrèt*+ bagéan paling kidul. 28 Kuwi tanah warisané suku Gad nurut keluargané, kutha-kutha karo désa-désané.
-