-
Wilangan 27:18-20Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
18 Mula Yéhuwah kandha marang Musa, ”Kowé kudu nglantik Yosua anaké Nun, wong lanang sing isa diendelké kuwi, lan dèlèhna tanganmu ing sirahé.+ 19 Terus, kongkonen dhèwèké ngadeg ing ngarepé Imam Èléazar lan kabèh wong Israèl, lan angkaten dhèwèké dadi pemimpin ing ngarepé wong-wong kuwi.+ 20 Kowé kudu mènèhké sebagéan kekuasaanmu marang dhèwèké+ supaya kabèh wong Israèl ngrungokké dhèwèké.+
-
-
Pangandharing Torèt 31:7Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
7 Terus, Musa ngundang* Yosua lan ngomong karo dhèwèké ing ngarepé kabèh wong Israèl, ”Kowé kudu kendel lan kuwat,+ merga kowé sing bakal mimpin bangsa iki menyang tanah sing diwènèhké Yéhuwah marang bangsa iki, kaya janjiné marang nènèk moyangé bangsa iki. Tanah kuwi bakal mbok wènèhké bèn dadi warisan kanggo bangsa iki.+
-