-
Kaimaman 26:46Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
46 Kuwi peraturan, keputusan hukum, lan hukum sing diwènèhké Yéhuwah marang wong Israèl liwat Musa ing Gunung Sinai.+
-
-
Wilangan 30:16Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
16 ”Kuwi peraturan sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa soal wong bebojoan, lan soal bapak karo anaké wédok sing isih enom lan sing isih manggon ing omahé.”
-
-
Wilangan 36:13Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
13 Kuwi kabèh préntah lan hukum sing diwènèhké Yéhuwah marang wong Israèl liwat Musa ing Padhang Gurun Moab, ing pinggiré Kali Yordan cedhak Yérikho.+
-
-
Pangandharing Torèt 6:1Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
6 ”Iki préntah, peraturan, lan hukum saka Yéhuwah Gusti Allahmu sing kudu tak wulangké marang kowé. Kowé kudu manut karo kabèh kuwi ing tanah sing bakal mbok rebut sakwisé kowé nyabrang.
-