5 Aja sujud lan aja nyembah kabèh kuwi,+ merga Aku, Yéhuwah Gusti Allahmu, péngin kowé mung nyembah Aku.+ Aku bakal ngukum wong-wong sing sengit karo Aku. Anak-anaké, putuné, lan buyuté* bakal mèlu nanggung kesalahané.
11 ”Pinéhas+ anaké Èléazar anaké Imam Harun kuwi wis nggawé Aku ora nesu manèh karo wong Israèl, merga dhèwèké ora meneng waé wektu ana sing ora setya marang Aku.+ Kuwi sebabé Aku ora numpes wong Israèl, senajan Aku péngin bèn wong-wong mung nyembah Aku thok.+
27 Ahli Taurat kuwi njawab, ”’Kowé kudu nresnani Yéhuwah* Gusti Allahmu saktulusé atimu, sepenuh jiwamu,* nggunakké kabèh kekuwatanmu, lan nggunakké kabèh pikiranmu,’+ lan ’kowé kudu nresnani wong liya kaya nresnani awakmu dhéwé.’”+