PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangentasan 20:16
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 16 ”Aja mènèhi keterangan sing ora bener soal wong liya.+

  • Pangentasan 23:1
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 23 ”Aja nyebarké kabar sing ora bener.+ Aja mènèhi katrangan sing nggawé wong sing ora salah dadi kena cilaka.+ Nèk kowé kaya ngono, kuwi berarti kowé mbantu wong jahat.

  • Kaimaman 19:16
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 16 ”’Aja mrana-mréné kanggo nyebar fitnah.+ Aja nggawé wong liya kena bahaya.*+ Aku iki Yéhuwah.

  • Pangandharing Torèt 19:16-19
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 16 Nèk ana wong sing mènèhi keterangan sing ora bener soal wong liya lan nudhuh wong kuwi nindakké kejahatan,+ 17 wong loro sing padu kuwi kudu ngadhep ing ngarepé Yéhuwah, yaiku ing ngarepé para imam lan para hakim sing nindakké tugasé wektu kuwi.+ 18 Para hakim kudu nyelidiki tenanan kasus kuwi.+ Nèk wong sing nudhuh kuwi ngapusi lan mènèhi keterangan sing ora bener soal wong sing sijiné, 19 wong kuwi kudu mbok hukum sesuai karo kejahatan sing direncanakké marang wong sing sijiné.+ Kowé kudu nyingkirké kejahatan saka antaramu.+

  • Wulang Bebasan 6:16
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 16 Ana enem sing disengiti Yéhuwah.

      Malah, ana pitu sing bener-bener disengiti:

  • Wulang Bebasan 6:19
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 19 Seneng ngapusi wektu dadi seksi,+

      Lan seneng nggawé padu ing antarané para sedulur.+

  • Wulang Bebasan 19:5
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  5 Wong sing mènèhi keterangan sing ora bener mesthi bakal dihukum,+

      Lan wong sing terus-terusan ngapusi ora bakal bébas saka hukuman.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim