12 ”Israèl, Yéhuwah njaluk apa saka kowé?+ Mung iki: Kowé kudu wedi karo Yéhuwah Gusti Allahmu,+ nindakké kabèh sing dikarepké,*+ nresnani Yéhuwah, lan ngabdi saktulusé atimu lan sepenuh jiwamu.*+
4 Kowé kudu nyembah Yéhuwah Gusti Allahmu, lan kowé kudu wedi marang* Dhèwèké. Kowé kudu manut karo préntahé lan ngrungokké omongané. Kowé kudu ngabdi mung marang Dhèwèké, lan kowé kudu terus setya marang Dhèwèké.+