PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangandharing Torèt 7:1, 2
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 7 ”Wektu Yéhuwah Gusti Allahmu nggawa kowé menyang tanah sing bakal mbok tekani lan mbok rebut,+ Dhèwèké ya bakal nyingkirké bangsa pitu sing gedhé,+ yaiku wong Hèt, wong Girgasyi, wong Amori,+ wong Kanaan, wong Pèriz, wong Hèwi, lan wong Yébus.+ Bangsa-bangsa kuwi luwih akèh lan luwih kuwat timbang kowé.+ 2 Yéhuwah Gusti Allahmu bakal nyerahké bangsa-bangsa kuwi marang kowé bèn isa mbok kalahké.+ Kowé kudu bener-bener nyingkirké bangsa-bangsa kuwi.+ Aja nggawé perjanjian lan aja mesakké karo bangsa-bangsa kuwi.+

  • Pangandharing Torèt 20:16
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 16 Ning, kowé kudu matèni kabèh wong* sing ana ing kutha-kutha ing tanah sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu bèn dadi warisan kanggo kowé.+

  • Yosua 10:28
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 28 Dina kuwi, Yosua ngrebut Makéda+ lan matèni wong-wong ing kutha kuwi nganggo pedhang. Dhèwèké matèni rajané lan wong-wong ing kutha kuwi nganti ora ana sing slamet.+ Dhèwèké matèni raja Makéda+ kaya dhèwèké matèni raja Yérikho.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim