-
Pangandharing Torèt 7:7, 8Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
7 ”Yéhuwah nresnani kowé lan milih kowé+ dudu merga jumlahmu sing paling akèh ing antarané kabèh bangsa. Malah, jumlahmu kuwi sing paling sithik.+ 8 Ning, kuwi merga Yéhuwah nresnani kowé lan nepati sumpahé marang nènèk moyangmu.+ Mulané, nganggo kuwasané sing gedhé, Yéhuwah mbébaské* kowé saka panggonan wektu kowé dadi budhak,+ saka kuwasané* Firaun raja Mesir.
-
-
Yèhèzkièl 36:22Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
22 ”Kuwi sebabé ngomonga marang bangsa Israèl, ’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Hé wong Israèl, Aku nindakké kuwi dudu kanggo kowé, ning kanggo jeneng-Ku sing suci sing wis mbok gawé najis ing antarané bangsa-bangsa sing mbok tekani.”’+
-