-
Wilangan 13:23-27Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
23 Pas tekan ing Lembah* Èskol,+ mata-mata kuwi ngethok cabang wit anggur sing ana buah angguré sak tandan, terus dipikul wong loro nganggo kayu. Mata-mata kuwi ya nggawa sebagéan buah delima lan ara.+ 24 Wong-wong nyebut panggonan kuwi Lembah* Èskol*+ merga wong Israèl ngethok sak tandan buah anggur ing kono.
25 Sakwisé ngamati tanah kuwi 40 dina,+ mata-mata kuwi padha bali. 26 Terus, mata-mata kuwi padha nemoni Musa, Harun, lan kabèh wong Israèl ing Padhang Belantara Paran, ing Kadès.+ Mata-mata kuwi nyampèkké laporan marang kabèh wong Israèl lan nduduhké buah-buahan saka tanah Kanaan. 27 Mata-mata kuwi kandha marang Musa, ”Aku wis mlebu ing tanah sing njenengan kongkon bèn tak parani. Tanah kuwi pancèn akèh susu lan maduné.+ Iki hasilé.+
-