-
Pangentasan 32:12Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
12 Nèk Njenengan kaya ngono, wong Mesir bakal kandha, ’Gusti Allahé wong-wong kuwi nduwé niat jahat wektu nggawa metu wong-wong kuwi. Dhèwèké péngin matèni wong-wong kuwi ing gunung lan nyingkirké wong-wong kuwi saka bumi.’+ Aja nesu manèh. Tulung ubah keputusan-Mu kanggo nyingkirké umat-Mu.
-
-
Wilangan 14:15, 16Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Nèk bangsa iki langsung Njenengan patèni kabèh, bangsa-bangsa sing wis krungu soal kehébatan-Mu bakal kandha, 16 ’Yéhuwah ora isa nggawa bangsa kuwi menyang tanah sing wis dijanjèkké nganggo sumpah arep diwènèhké marang wong-wong kuwi, mula kabèh wong kuwi dipatèni ing padhang belantara.’+
-