PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Wilangan 6:23-27
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 23 ”Kowé kudu kandha marang Harun lan anak-anaké lanang, ’Nèk kowé arep mberkahi+ wong Israèl kandhaa ngéné,

      24 ”Muga-muga Yéhuwah mberkahi+ lan nglindhungi kowé.

      25 Muga-muga Yéhuwah nampa kowé,+ lan muga-muga Dhèwèké seneng karo kowé.

      26 Muga-muga Yéhuwah apikan karo kowé lan mènèhi kowé rasa tentrem.”’+

      27 Wong-wong kuwi kudu nggunakké jeneng-Ku kanggo mberkahi bangsa Israèl+ bèn Aku mberkahi bangsa kuwi.”+

  • Pangandharing Torèt 21:5
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 5 ”Para imam Lèwi ya kudu mrono merga wong-wong kuwi wis dipilih Yéhuwah Gusti Allahmu bèn nindakké tugas saka Dhèwèké,+ supaya wong-wong kuwi isa mènèhi berkah nganggo jenengé Yéhuwah.+ Wong-wong kuwi ya bakal nangani masalah wektu ana sing padu nganti antem-anteman.*+

  • 2 Babad 30:27
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 27 Akhiré, para imam Lèwi padha ngadeg lan mberkahi umat kuwi.+ Gusti Allah ngrungokké swarané wong-wong kuwi. Dongané wong-wong kuwi tekan ing panggonan suciné, ing swarga.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim