-
Pangandharing Torèt 6:6-9Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
6 Apa sing tak omongké marang kowé dina iki kudu mbok simpen ing njero atimu, 7 lan kudu bola-bali mbok omongké marang anakmu.+ Kuwi kudu mbok critakké marang anakmu wektu kowé lungguh ing omahmu, wektu kowé mlaku ing dalan, wektu kowé turonan, lan wektu kowé tangi.+ 8 Talèkna kuwi ing tanganmu bèn isa terus mbok éling-éling, lan kuwi kudu dadi kaya tandha* ing bathukmu.+ 9 Kuwi kudu mbok tulis ing kusèn lawang omahmu lan ing gerbangmu.
-