-
Pangandharing Torèt 14:22, 23Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
22 ”Saben taun, kowé kudu mènèhi sepersepuluh saka hasil benih sing mbok tandur ing kebon.+ 23 Kowé kudu mangan sepersepuluh saka biji-bijianmu, anggurmu sing anyar, minyakmu, lan anak pertamané sapi, kambing, lan dombamu ing ngarepé Yéhuwah Gusti Allahmu,+ ing panggonan sing dipilih kanggo mulyakké jenengé, bèn kowé isa terus wedi marang* Yéhuwah Gusti Allahmu.+
-