PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Wilangan 14:39-45
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 39 Pas Musa nyampèkké omongan kuwi marang kabèh wong Israèl, wong-wong kuwi dadi sedhih banget. 40 Wong-wong kuwi ya tangi ésuk banget terus munggah menyang pucuk gunung lan kandha, ”Aku wis dosa. Ning, saiki aku siap mangkat menyang panggonan sing wis diomongké Yéhuwah.”+ 41 Tapi Musa kandha, ”Ngapa kok kowé arep nglanggar préntahé Yéhuwah? Kuwi ora bakal berhasil. 42 Aja mangkat, merga Yéhuwah ora ndhukung kowé. Kowé mesthi bakal dikalahké mungsuh-mungsuhmu.+ 43 Ing kana, kowé bakal ngadhepi wong Amalèk lan wong Kanaan.+ Kowé bakal dipatèni nganggo pedhang. Merga kowé ora manut marang Yéhuwah, Yéhuwah ya ora bakal ndhukung kowé.”+

      44 Ning, wong-wong kuwi tetep padha nékad munggah menyang pucuk gunung kuwi,+ tapi Musa lan pethi perjanjiané Yéhuwah tetep ana ing tengah-tengah perkémahan.+ 45 Terus, wong Amalèk lan wong Kanaan sing manggon ing gunung kuwi padha mudhun lan ngalahké wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi dadi kocar-kacir nganti tekan Horma.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim