PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Kaimaman 25:35
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 35 ”’Nèk sedulur sing manggon ing cedhakmu dadi mlarat lan ora isa nyukupi kebutuhané dhéwé, kowé kudu mbantu+ dhèwèké kaya nèk kowé mbantu penduduk asing lan penduduk sementara+ supaya dhèwèké tetep urip bareng karo kowé.

  • Wulang Bebasan 19:17
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 17 Nèk wong apikan karo wong mlarat, kuwi nggawé Yéhuwah utang karo wong sing apikan kuwi,+

      Lan Dhèwèké bakal mbales* tumindaké wong mau.+

  • Matius 5:42
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 42 Nèk kowé dijaluki wong, ya wènèhna sing dijaluk kuwi. Nèk ana sing arep utang* karo kowé, aja mbok tolak.+

  • Lukas 6:34, 35
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 34 Apa kowé pantes dialem nèk kowé mung ngutangi* wong sing mbok pikir isa mbayar utangé?+ Wong dosa ya ngutangi wong dosa supaya isa nampa manèh dhuwit sing diutangké kuwi. 35 Ning, kowé kudu terus nresnani mungsuh-mungsuhmu, apikan marang wong liya, lan ngutangi tanpa ngarep-arep dibayar.+ Kowé bakal nampa upah sing gedhé lan bakal dadi anak-anaké Sing Mahaluhur, sebab Dhèwèké apikan marang wong sing jahat lan wong sing ora nduwé rasa maturnuwun.+

  • Galatia 2:10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 Para sedulur kuwi mung njaluk bèn aku terus éling karo sedulur-sedulur sing mlarat, lan kuwi sing tak upayakké tenanan.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim