-
Kaimaman 22:20Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
20 Aja mènèhké kéwan sing cacad+ merga kuwi bakal nggawé Gusti Allah ora gelem nampa kowé.
-
-
Pangandharing Torèt 17:1Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
17 ”Aja mènèhké sapi utawa domba sing cacad utawa luka kanggo korban marang Yéhuwah Gusti Allahmu, merga Yéhuwah Gusti Allahmu jijik karo tumindak sing kaya ngono.+
-
-
Maléakhi 1:8Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
8 Pas kowé mènèhké kéwan sing wuta dadi korban, kowé kandha, ”Iki ora apa-apa.” Pas kowé mènèhké kéwan sing pincang utawa lara, kowé kandha, ”Iki ora apa-apa.”’”+
”Coba gawanen kuwi marang gubernurmu. Apa dhèwèké bakal seneng lan gelem nampa kowé?” kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan.
-
-
Ibrani 9:14Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
14 Nèk korban kéwan kaya ngono waé isa nggawé wong-wong dadi resik, apa manèh getihé Kristus.+ Merga Kristus manut karo tuntunané roh suci sing ana saklawasé, Kristus mènèhké uripé dadi persembahan sing ora ana cacadé kanggo Gusti Allah. Getihé bakal ngresiki hati nuraniné awaké dhéwé saka tumindak sing ora ana gunané,+ bèn awaké dhéwé isa nindakké tugas suci kanggo Gusti Allah sing urip.+
-