20 Ning raja Édom tetep kandha, ”Kowé ora éntuk liwat.”+ Terus raja Édom teka bareng karo pasukané sing gedhé lan kuwat, arep nyerang wong-wong kuwi. 21 Ya ngono kuwi raja Édom ora ngéntukké wong Israèl ngliwati wilayahé. Mula wong Israèl mbalik arah.+