-
1 Samuèl 28:7-11Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
7 Akhiré Saul ngongkon para abdiné, ”Kowé kudu nggolèk wong wédok sing isa ngundang* arwah.+ Aku arep mrana lan njaluk naséhaté.” Para abdiné njawab, ”Ing Èn-dor ana wong wédok sing isa ngundang arwah.”+
8 Mula, Saul nyamar lan nganggo klambi liyané, terus lunga marani wong wédok kuwi bengi-bengi karo anak buahé loro. Saul kandha, ”Tulung gunakna kemampuanmu ngundang* arwah+ bèn aku ngerti apa sing bakal kelakon. Undangen wong sing tak sebutké jenengé.” 9 Ning, wong wédok kuwi njawab, ”Njenengan mesthi ngerti nèk Saul wis ngusir kabèh tukang ngramal lan wong sing isa ngundang* arwah saka Israèl.+ Dadi, ngapa njenengan njebak aku lan nggawé aku dipatèni?”+ 10 Terus, Saul sumpah demi Yéhuwah. Dhèwèké kandha, ”Aku sumpah demi Yéhuwah Gusti Allah sing urip, kowé ora bakal disalahké soal iki.” 11 Terus wong wédok kuwi takon, ”Njenengan njaluk tak undangké* sapa?” Saul njawab, ”Undangna Samuèl.”
-
-
Yésaya 8:19Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
19 Nèk ana sing ngomong karo kowé, ”Kowé kudu njaluk petunjuk saka wong sing ngundang* arwah utawa tukang ngramal sing komat-kamit lan omongané ora jelas,” apa kowé bakal manut karo wong kuwi? Wong-wong kuduné njaluk bantuan marang Gusti Allahé. Wong sing urip kuduné ora njaluk bantuan marang wong mati.+
-