PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangentasan 34:15
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 15 Aja nggawé perjanjian karo penduduk tanah kuwi. Nèk wong-wong kuwi nyembah* allah-allahé lan mènèhké persembahan marang allah-allahé,+ kowé bakal dikongkon mèlu-mèlu kaya ngono, terus kowé bakal mèlu mangan panganan sing diwènèhké dadi persembahan.+

  • Pangandharing Torèt 7:4
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 4 Anaké wédok bangsa kuwi bakal nggawé anakmu lanang nyembah allah-allahé bangsa kuwi.+ Terus, Yéhuwah bakal nesu banget karo kowé, lan Dhèwèké bakal langsung nyingkirké kowé.+

  • Yosua 23:12, 13
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 12 ”Ning, nèk kowé ninggalké Gusti Allah lan mèlu-mèlu bangsa sing isih manggon karo kowé,+ terus kowé ya bergaul lan nggawé kerja sama liwat perkawinan karo wong-wong kuwi,+ 13 kowé kudu ngerti nèk Yéhuwah Gusti Allahmu ora bakal ngusir manèh bangsa-bangsa kuwi kanggo kowé.+ Bangsa-bangsa kuwi bakal dadi jebakan lan jerat uga pecut ing gegermu+ lan eri ing mripatmu nganti kowé disingkirké saka tanah sing apik iki, sing wis diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé.

  • Yésaya 2:6
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  6 Oh Gusti Allah, Njenengan wis ninggalké umat-Mu, yaiku keturunané Yakub,+

      Merga wong-wong kuwi mèlu-mèlu kebiasaan saka Wétan,

      Nggunakké ilmu gaib+ kaya wong Filistin,

      Lan ngéntukké keturunané wong asing manggon ing antarané wong-wong kuwi.

  • 1 Korintus 5:6
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 6 Kowé ora pantes bangga merga kuwi. Apa kowé ora ngerti nèk ragi sithik isa nyebar ing kabèh adonan?*+

  • 1 Korintus 15:33
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 33 Aja gelem diapusi wong liya.* Bergaul karo wong sing ora apik bakal ngrusak kebiasaan sing apik.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim