-
Purwaning Dumadi 15:18-20Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
18 Ing dina kuwi, Yéhuwah nggawé perjanjian karo Abram.+ Gusti Allah kandha, ”Aku bakal mènèhké tanah iki marang keturunanmu,*+ yaiku saka kali ing Mesir tekan kali gedhé, yaiku Kali Éfrat.+ 19 Tanah sing bakal Tak wènèhké yaiku tanahé wong Kèni,+ wong Kénaz, wong Kadmon, 20 wong Hèt,+ wong Pèriz,+ wong Réfaim,+
-
-
Pangandharing Torèt 3:11Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
11 Og raja Basyan kuwi wong Réfaim terakhir sing isih urip. Tandhu jenazahé digawé saka wesi, lan kuwi isih ana ing Raba, kuthané wong Ammon. Dawané 9 hasta* lan ambané 4 hasta, sesuai karo ukuran hasta umumé.
-