-
1 Samuèl 14:47, 48Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
47 Saul nduwé kekuasaan sing saya gedhé ing Israèl. Saul perang nglawan kabèh mungsuhé, yaiku wong Moab,+ wong Ammon,+ wong Édom,+ raja-raja Zoba,+ lan wong Filistin.+ Saul mesthi isa ngalahké mungsuh-mungsuhé menyang endi waé dhèwèké lunga. 48 Saul kendel banget wektu perang nglawan wong Amalèk.+ Dhèwèké ngalahké wong Amalèk lan nylametké wong Israèl saka mungsuhé.
-
-
1 Samuèl 15:1-3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Terus, Samuèl kandha marang Saul, ”Yéhuwah wis ngutus aku nglantik kowé dadi raja kanggo umaté,+ yaiku Israèl. Saiki, rungokna kandhané Yéhuwah.+ 2 Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan, ’Wong Amalèk bakal Tak jaluki tanggung jawab merga wis nglawan wong Israèl pas wong Israèl metu saka Mesir.+ 3 Saiki, kowé kudu matèni kabèh wong Amalèk.+ Wong Amalèk lan kabèh sing diduwèni kudu mbok singkirké.+ Aja nganti ana sing isih urip.* Kabèh kudu mbok patèni,+ wong lanang lan wong wédok, bocah-bocah lan bayi, sapi lan domba, unta lan keledai.’”+
-