-
Yosua 8:30-32Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
30 Bar kuwi, Yosua mbangun mézbah kanggo Yéhuwah Gusti Allahé Israèl ing Gunung Ébal,+ 31 kaya préntahé Musa abdiné Yéhuwah kuwi marang bangsa Israèl, lan kaya sing ditulis ing buku Hukum+ Musa, yaiku: ”Nggawéa mézbah saka watu-watu sing wutuh, sing durung tau digarap nganggo alat saka wesi.”+ Wong-wong kuwi mènèhké persembahan bakaran lan korban kerukunan* kanggo Yéhuwah ing ndhuwuré mézbah kuwi.+
32 Terus, Yosua nulis ing ndhuwuré watu-watu kuwi salinan Hukum+ sing ditulis Musa ing ngarepé bangsa Israèl.+
-