PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangentasan 20:12
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 12 ”Kowé kudu ngajèni bapakmu lan ibumu+ bèn dawa umurmu ing tanah sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé.+

  • Pangandharing Torèt 21:18-21
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 18 ”Nèk ana wong sing nduwé anak lanang sing ndableg, seneng mbrontak, lan ora manut karo bapak lan ibuné,+ terus bapak utawa ibuné kuwi wis ngupaya ngandhani bocah kuwi, ning bocah kuwi ora gelem manut,+ 19 bapak lan ibuné kudu nggawa bocah kuwi nemoni para pemimpin ing gerbang kutha, 20 terus kandha karo para pemimpin kuwi, ’Anakku iki ndableg, seneng mbrontak, lan ora manut karo aku. Dhèwèké nggragas+ lan seneng mabuk.’+ 21 Kabèh wong lanang ing kuthané kudu mbandhemi* dhèwèké nganggo watu nganti mati. Kabèh sing jahat kudu mbok singkirké saka antaramu. Kabèh wong Israèl bakal krungu soal kuwi lan dadi wedi.+

  • Wulang Bebasan 20:20
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 20 Wong sing ngutuki bapak lan ibuné,

      Lampuné bakal dipatèni pas petengan.+

  • Wulang Bebasan 30:17
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 17 Nèk wong ngécé bapaké lan ora manut karo ibuné,+

      Mripaté bakal dithothol manuk gagak sing ana ing lembah,*

      Terus dipangan anak-anaké manuk elang.+

  • Matius 15:4
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 4 Contoné, Gusti Allah ngomong, ’Kowé kudu ngajèni bapakmu lan ibumu,’+ lan, ’Wong sing ngomong kasar marang* bapaké utawa ibuné kudu dipatèni.’+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim