-
Pangandharing Torèt 10:17, 18Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
17 Yéhuwah Gusti Allahmu kuwi Gusti Allah sing luwih unggul timbang allah-allah liyané,+ lan Gusti sing luwih unggul timbang gusti liyané, Gusti Allah sing hébat, kuwat, lan luar biasa, sing ora pilih kasih+ lan ora nampa suap. 18 Dhèwèké tumindak adil marang anak yatim lan randha.+ Dhèwèké nresnani wong asing+ lan nyedhiakké panganan lan klambi kanggo wong-wong kuwi.
-
-
Maléakhi 3:5Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
5 ”Aku bakal teka kanggo ngadili kowé. Aku bakal langsung ngadili wong-wong sing nggunakké ilmu gaib,+ wong sing laku jina, wong sing nggawé sumpah palsu,+ wong sing ngapusi buruh upahan,+ wong sing ngapusi randha lan anak yatim,*+ lan wong sing ora gelem mbantu* wong asing.+ Wong-wong kuwi ora wedi karo* Aku,” kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan.
-