-
Kaimaman 26:16, 17Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
16 Aku bakal nindakké iki: Aku bakal nggawé kowé sengsara merga tuberkulosis lan demam tinggi. Mripatmu bakal rabun, lan kowé bakal kentèkan tenaga. Kowé bakal nyebar benih ning ora ana hasilé merga hasilé bakal dipangan mungsuh-mungsuhmu.+ 17 Aku bakal nolak kowé, lan kowé bakal dikalahké mungsuh-mungsuhmu.+ Kowé bakal diidak-idak wong-wong sing sengit karo kowé.+ Saking wediné, kowé bakal mlayu senajan ora ana sing ngoyak.*+
-
-
Danièl 9:11Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
11 Kabèh wong Israèl wis nglanggar hukum-Mu lan ora manut merga ora ngrungokké omongan-Mu. Aku lan bangsaku wis dosa marang Njenengan. Mula, Njenengan mènèhi aku lan bangsaku kutukan lan sumpah sing ditulis ing Hukum Musa, abdiné Gusti Allah sing bener.+
-