PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangandharing Torèt 28:45
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 45 ”Kowé mesthi bakal kena kabèh kutukan iki+ nganti kowé kabèh disingkirké,+ merga kowé ora ngrungokké omongané Yéhuwah Gusti Allahmu lan ora nindakké préntah lan peraturané sing diwènèhké marang kowé.+

  • Pangandharing Torèt 28:63
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 63 ”Kaya Yéhuwah seneng banget nggawé kowé makmur lan nggawé keturunanmu saya akèh, Yéhuwah ya bakal seneng banget nyingkirké lan matèni kowé. Kowé bakal diusir saka tanah sing bakal mbok enggoni.

  • 1 Para Raja 14:15
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 15 Yéhuwah bakal nyerang Israèl, lan Israèl bakal dadi kaya tanduran sing mobat-mabit ing njero banyu, lan Dhèwèké bakal nyabut Israèl saka tanah sing apik iki sing diwènèhké marang nènèk moyangé,+ lan Dhèwèké bakal nggawé wong-wong kuwi mencar ing sabrangé Kali Éfrat,+ merga wong-wong kuwi wis nggawé cagak-cagak suci*+ lan nglarani atiné Yéhuwah.

  • 2 Para Raja 17:18
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 18 Mula, Yéhuwah dadi nesu banget karo wong Israèl lan nyingkirké wong-wong kuwi saka ngarepé.+ Sing dijarké tetep ana kuwi mung suku Yéhuda.

  • Lukas 21:24
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 24 Bakal ana sing dipatèni nganggo pedhang lan ana sing bakal digawa dadi tawanan menyang negara-negara liya.+ Yérusalèm bakal diidak-idak karo bangsa-bangsa* nganti wektu sing ditentokké kanggo bangsa-bangsa* kuwi rampung.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim