-
Yosua 9:1, 2Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
9 Kabèh raja sing ana ing sisih kuloné Kali Yordan+ krungu apa sing wis kelakon. Kabèh raja kuwi yaiku raja-raja ing dhaérah pegunungan, ing Syéféla, ing pesisir Laut Besar,*+ lan ing ngarepé Lébanon, yaiku wong Hèt, wong Amori, wong Kanaan, wong Pèriz, wong Hèwi, lan wong Yébus.+ 2 Wong-wong kuwi sepakat arep nglawan Yosua lan Israèl.+
-
-
Yosua 9:9, 10Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
9 Wong Gibéon njawab, ”Aku teka saka panggonan sing adoh+ merga jenengé Yéhuwah Gusti Allahmu wis terkenal. Aku wis krungu nèk Dhèwèké kuwi hébat banget. Aku ya wis krungu soal kabèh sing wis ditindakké ing Mesir+ 10 lan nèk Dhèwèké wis ngalahké loro rajané wong Amori sing ana ing sabrangé* Kali Yordan, yaiku Raja Sihon+ saka Hésbon lan Raja Og+ saka Basyan sing mréntah ing Astarot.
-