-
Pangandharing Torèt 3:19, 20Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
19 Mung bojomu, anak-anakmu, lan ternakmu (aku ngerti nèk kowé nduwé ternak sing akèh banget) sing bakal tetep manggon ing kutha-kutha sing tak wènèhké marang kowé, 20 nganti Yéhuwah mènèhi sedulur-sedulurmu urip sing tentrem, kaya sing wis ditindakké marang kowé. Wong-wong kuwi ya bakal ngrebut tanah sing wis diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang wong-wong kuwi ing sabrangé Kali Yordan. Terus, kowé bakal bali menyang tanahmu dhéwé-dhéwé sing wis tak wènèhké marang kowé.’+
-
-
Pangandharing Torèt 29:8Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
8 Bar kuwi, awaké dhéwé ngrebut tanahé wong-wong kuwi lan mènèhké tanah kuwi dadi warisan kanggo suku Rubèn, suku Gad, lan setengahé suku Manasyé.+
-
-
Yosua 13:8Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
8 Suku Rubèn, suku Gad, lan setengah saka suku Manasyé wis njupuk dhaérah warisan sing wis diwènèhké Musa, yaiku ing sisih wétané Kali Yordan. Dhaérah warisan sing diwènèhké Musa abdiné Yéhuwah,+ yaiku:
-