2 ”Kowé kudu kandha marang wong Israèl, ’Wektu kowé mlebu menyang tanah Kanaan,+ yaiku tanah sing bakal Tak wènèhké marang kowé, iki batas-batasé tanah kuwi.+
4 Batas wilayah kidul kuwi bakal ménggok ngidul menyang Tanjakan Akrabim+ nganti tekan Zin lan mentog ing kidulé Kadès-barnéa.+ Batasé isih terus tekan Hazar-adar+ nganti Azmon.
23 Wektu Yéhuwah ngongkon kowé lunga saka Kadès-barnéa+ lan kandha, ’Kowé kudu ngrebut tanah sing mesthi bakal Tak wènèhké marang kowé,’ kowé nglawan préntahé Yéhuwah Gusti Allahmu.+ Kowé ora nduwé iman+ lan ora manut marang Dhèwèké.