5Kabèh rajané wong Amori+ sing ana ing sisih kuloné Kali Yordan, lan kabèh rajané wong Kanaan+ sing ana ing pinggir laut krungu nèk Yéhuwah wis ngasatké Kali Yordan ing ngarepé wong Israèl nganti wong-wong kuwi isa nyabrang. Mula, raja-raja kuwi dadi wedi+ lan ora wani ngadhepi wong Israèl.+