29 Dhèwèké matèni lan nggantung raja Ai ing cagak nganti soré. Wektu matahariné mèh terbenam, Yosua mréntahké bèn mayaté diedhunké saka cagak.+ Terus, para prajurit nguncalké mayaté raja Ai ing gerbang kutha lan diurug nganggo watu dadi tumpukan gedhé. Tumpukan watu kuwi isih ana nganti saiki.