-
Wilangan 21:33, 34Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
33 Sakwisé kuwi, wong-wong kuwi mbalik lan mangkat ngliwati dalan menyang Basyan. Terus, Og+ raja Basyan bareng karo kabèh pasukané mangkat perang nglawan wong-wong kuwi ing Édréi.+ 34 Yéhuwah kandha marang Musa, ”Aja wedi karo dhèwèké+ merga Aku bakal nyerahké dhèwèké, kabèh pasukané, lan tanahé ing tanganmu.+ Kowé bakal ngalahké Og, kaya kowé ngalahké Sihon rajané wong Amori sing manggon ing Hésbon.”+
-
-
Pangandharing Torèt 3:3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 Mula, Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé mènèhké Og raja Basyan marang awaké dhéwé, terus awaké dhéwé nyerang dhèwèké nganti ora ana pasukané sing slamet.
-
-
Yosua 9:9, 10Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
9 Wong Gibéon njawab, ”Aku teka saka panggonan sing adoh+ merga jenengé Yéhuwah Gusti Allahmu wis terkenal. Aku wis krungu nèk Dhèwèké kuwi hébat banget. Aku ya wis krungu soal kabèh sing wis ditindakké ing Mesir+ 10 lan nèk Dhèwèké wis ngalahké loro rajané wong Amori sing ana ing sabrangé* Kali Yordan, yaiku Raja Sihon+ saka Hésbon lan Raja Og+ saka Basyan sing mréntah ing Astarot.
-