7 Ning, nèk karo Musa cara-Ku ora kaya ngono. Kabèh umat-Ku wis Tak percayakké marang dhèwèké.+ 8 Aku, Yéhuwah, ngomong langsung karo Musa.+ Omonganku jelas lan ora nganggo teka-teki. Malah Aku ya nemoni dhèwèké. Mula, ngapa kok kowé wani ngèlèk-èlèk Musa abdi-Ku?”