PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Purwaning Dumadi 15:18
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 18 Ing dina kuwi, Yéhuwah nggawé perjanjian karo Abram.+ Gusti Allah kandha, ”Aku bakal mènèhké tanah iki marang keturunanmu,*+ yaiku saka kali ing Mesir tekan kali gedhé, yaiku Kali Éfrat.+

  • Pangentasan 23:31
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 31 ”Aku bakal nggawé batas-batasé tanahmu. Batas-batasé yaiku saka Laut Merah nganti Laut Tengah,*+ lan saka padhang belantara nganti Kali Éfrat. Aku bakal mbantu kowé ngalahké bangsa-bangsa kuwi, lan kowé bakal ngusir bangsa-bangsa kuwi.+

  • Wilangan 34:2, 3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 2 ”Kowé kudu kandha marang wong Israèl, ’Wektu kowé mlebu menyang tanah Kanaan,+ yaiku tanah sing bakal Tak wènèhké marang kowé, iki batas-batasé tanah kuwi.+

      3 ”’Batas sisih kidul dimulai saka Padhang Belantara Zin ing sepanjang wilayahé Édom lan batas sisih kidul sing paling wétan yaiku ujung Laut Garam.*+

  • Pangandharing Torèt 1:7
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 7 Kowé kudu lunga ing dhaérah pegunungané wong Amori+ lan kabèh dhaérah sekitaré, yaiku Araba,+ wilayah pegunungan, Syéféla, Nègèb, lan dhaérah pinggir laut.+ Kowé kudu lunga menyang tanahé wong Kanaan. Kowé kudu lunga tekan Lébanon+ lan kali gedhé, yaiku Éfrat.+

  • Yosua 15:1
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 15 Tanah bagéané*+ suku Yéhuda nurut keluargané yaiku saka batas dhaérahé wong Édom,+ Padhang Belantara Zin, nganti tekan Nègèb bagéan paling kidul.

  • Yosua 15:4
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 4 Batasé isih terus tekan Azmon+ nganti tekan Lembah* Mesir+ lan mentog ing Laut Besar.* Kuwi batas sing sisih kidul.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim