-
Pangandharing Torèt 33:13-15Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
13 Iki sing diomongké Musa soal keturunané Yusuf,+
”Muga-muga tanahé diberkahi Yéhuwah+
Nganggo apa waé sing apik saka langit,
Nganggo embun lan mata air sing ana ing lemah,+
14 Nganggo apa waé sing apik sing thukul merga matahari
Lan nganggo hasil tanah sing apik saben sasi,+
15 Nganggo apa waé sing paling apik saka gunung-gunung jaman mbiyèn*+
Lan nganggo apa waé sing apik saka bukit-bukit sing wis suwé ana,
-
Yosua 17:17, 18Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
17 Mula, Yosua kandha marang keturunané Yusuf, yaiku marang Éfraim lan Manasyé, ”Jumlahmu kuwi akèh banget lan kowé ya kuwat. Kowé ora mung bakal éntuk sak bagéan,+ 18 ning kabèh dhaérah pegunungan ya bakal dadi duwèkmu.+ Senajan wujudé isih hutan, kuwi isa mbok babati lan mbok dadèkké batas dhaérahmu. Kowé bakal ngusir wong Kanaan, senajan wong-wong kuwi kuwat lan nduwé kréta perang sing ana sabit wesiné.”*+
-
-
-