-
Kisah 7:44, 45Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
44 ”Nènèk moyangé awaké dhéwé nduwé tabernakel* ing padhang belantara. Tabernakel kuwi digawé sesuai karo préntahé Gusti Allah marang Musa, lan persis karo rancangan sing wis didelok Musa.+ 45 Terus, tabernakel kuwi diwènèhké marang keturunané nènèk moyangé awaké dhéwé. Tabernakel kuwi digawa bareng karo Yosua menyang tanah sing dienggoni bangsa liya+ sing diusir Gusti Allah saka ngarepé nènèk moyangé awaké dhéwé.+ Tabernakel kuwi tetep ana nganti jamané Daud.
-