-
Wilangan 35:22-24Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
22 ”’Ning, nèk dhèwèké njorokké wong kuwi tanpa sengaja lan ora merga sengit, utawa dhèwèké mbandhem* wong kuwi lan ora nduwé maksud jahat,+ 23 utawa nèk dhèwèké nibakké watu terus watu kuwi nibani wong merga dhèwèké ora ndelok wong kuwi terus wong kuwi mati, ning dhèwèké ora nduwé maksud nyilakani lan wong sing mati kuwi ya dudu mungsuhé, 24 wong Israèl kudu ngadili dhèwèké lan wong sing nduwé hak kanggo mbales, nurut peraturan-peraturan iki.+
-
-
Pangandharing Torèt 19:4-6Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
4 ”Iki sing kudu ditindakké wong sing matèni wong liya, sing mlayu ing salah siji kutha kuwi bèn ora dipatèni: Nèk wong kuwi ora sengaja matèni wong liya lan sakdurungé ora sengit karo wong kuwi,+ 5 misalé wektu dhèwèké lunga menyang hutan karo wong kuwi merga arep nggolèk kayu, terus kapak sing disabetké ucul saka gagangé lan ngenani wong kuwi nganti mati, dhèwèké kudu mlayu menyang salah siji kutha kuwi bèn ora dipatèni.+ 6 Ning, nèk kutha kuwi adoh banget, wong sing nduwé hak kanggo mbales,+ sing lagi nesu banget,* isa waé ngoyak,* nangkep, lan matèni dhèwèké. Ning, sakjané wong sing matèni kuwi kuduné ora dipatèni merga sakdurungé ora sengit karo wong mau.+
-