14 ”Saiki, aku wis arep mati. Kowé ngerti tenan saktulusé atimu lan sepenuh jiwamu* nèk kabèh sing apik sing wis dijanjèkké Yéhuwah Gusti Allahmu wis ditepati. Kabèh wis kelakon. Ora ana siji-sijia sing ora ditepati.+
56 ”Diluhurna Yéhuwah, sing wis mènèhi panggonan sing ayem marang Israèl umaté, persis kaya janjiné.+ Saka kabèh sing apik sing dijanjèkké liwat Musa, ora ana sing ora ditepati.+
18 Gusti Allah ora isa ngapusi, merga janji+ lan sumpahé ora isa diubah. Mula, liwat janji lan sumpahé kuwi, awaké dhéwé sing berlindung marang Gusti Allah isa terus nduwé harapan sing kuwat merga wis diwènèhi kekuwatan sing gedhé.