-
Yosua 22:13, 14Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
13 Terus, wong Israèl ngutus Pinéhas+ anaké Imam Èléazar nemoni suku Rubèn, suku Gad, lan setengahé suku Manasyé ing tanah Giléad. 14 Ana sepuluh pemimpin sing lunga bareng dhèwèké, siji pemimpin saka saben suku Israèl. Sepuluh pemimpin kuwi kepala saka keluarga pihak bapak ing antarané éwonan wong Israèl.+
-