-
Pangandharing Torèt 20:4Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
4 merga Yéhuwah Gusti Allahmu bakal mimpin kowé. Dhèwèké sing bakal perang nglawan mungsuhmu lan nylametké kowé.’+
-
-
Yosua 10:11-14Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
11 Wektu wong-wong kuwi mlayu lan mudhun saka Bèt-horon, Yéhuwah nggawé udan watu gedhé saka langit sing nibani wong-wong kuwi nganti tekan Azéka lan wong-wong kuwi mati. Sing mati merga udan watu luwih akèh timbang sing dipatèni wong Israèl nganggo pedhang.
12 Pas Yéhuwah ngalahké wong Amori ing ngarepé wong Israèl, Yosua kandha marang Yéhuwah ing ngarepé wong Israèl,
13 Mula, matahari mandheg lan bulan ora obah nganti bangsa Israèl ngalahké mungsuh-mungsuhé. Kuwi kabèh ditulis ing buku Yasyar.+ Dina kuwi matahari ora terbenam. Matahariné kétok nganti sedina muput. 14 Durung tau ana dina sing kaya ngono. Sakdurungé utawa sakwisé, Yéhuwah durung tau nuruti sing dijaluk manungsa nganggo cara kaya ngono.+ Yéhuwah dhéwé sing perang kanggo Israèl.+
-
-
Yosua 10:42Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
42 Yosua ngalahké kabèh raja kuwi sak kutha-kuthané, merga sing perang kanggo wong Israèl kuwi Yéhuwah Gusti Allahé Israèl.+
-