-
Yosua 19:49, 50Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
49 Terus, wong-wong kuwi rampung mbagi tanah warisan nurut dhaérah-dhaérahé. Wong Israèl mènèhké tanah warisan ing tengah-tengahé dhaérahé wong-wong kuwi marang Yosua anaké Nun. 50 Kaya sing dipréntahké Yéhuwah, wong-wong kuwi mènèhi kutha sing dijaluk Yosua, yaiku Timnat-séra,+ ing dhaérah pegunungan Éfraim. Terus, Yosua mbangun kutha kuwi lan manggon ing kono.
-