-
Para Hakim 4:21, 22Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
21 Ning, Yaèl bojoné Hèbèr njupuk pathok kémah lan palu. Wektu Siséra turu angler merga kekeselen, Yaèl meneng-meneng marani dhèwèké lan nancepké pathok kuwi ing pelipisé* Siséra nganti tembus ing lemah. Terus, Siséra mati.+
22 Akhiré, Barak sing lagi ngoyak* Siséra tekan ing kono. Yaèl metu nemoni Barak lan kandha, ”Mlebua, ayo tak duduhi wong sing njenengan golèki.” Barak mlebu bareng Yaèl lan ndelok Siséra wis mati nggléthak. Ana pathok sing isih nancep ing pelipisé.*
-