-
Yosua 15:16-19Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
16 Terus Kalèb kandha, ”Wong sing ngalahké lan ngrebut Kiriat-sèfèr bakal tak dadèkké bojoné Akhsa anakku wédok.” 17 Otnièl+ anaké Kénaz,+ adhiné Kalèb, ngrebut kutha kuwi. Mula, Kalèb mènèhké Akhsa+ anaké dadi bojoné Otnièl. 18 Wektu perjalanan mulih, Akhsa meksa Otnièl supaya njaluk ladhang saka bapaké.* Terus, Akhsa mudhun saka keledainé.* Kalèb takon, ”Kowé péngin apa?”+ 19 Akhsa njawab, ”Tulung wènèhana aku hadiah kanggo tandha nèk njenengan mberkahi aku. Bapak wis mènèhi aku tanah ing sisih kidul.* Saiki tulung aku ya diwènèhi Gulot-maim.”* Mula, Kalèb mènèhké Gulot Ndhuwur lan Gulot Ngisor.
-