-
1 Samuèl 13:5, 6Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
5 Wong Filistin ya ngumpul arep perang nglawan Israèl nganggo 30.000 kréta perang, 6.000 prajurit sing numpak jaran, lan pasukan sing jumlahé akèh banget kaya pasir ing pantai.+ Wong Filistin mangkat lan ngedegké kémah ing Mikhmash, ing sisih wétané Bèt-awèn.+ 6 Kanggoné wong Israèl iki bahaya banget merga wong Israèl arep diserang. Mula, wong Israèl padha ndhelik ing guwa,+ ing sela-selané watu, ing tebing, ing lubang bawah tanah, lan ing sumur.*
-