-
Para Hakim 7:24, 25Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
24 Gidéon ngirim utusan marang kabèh wong sing ana ing dhaérah pegunungan Éfraim karo kandha, ”Mudhuna lan serangen wong Midian. Lungaa ndhisiki wong Midian menyang Bèt-bara lan Kali Yordan. Jaganen panggonan nyabrang kuwi bèn wong Midian ora isa nyabrang kali.” Mula, kabèh wong Éfraim padha ngumpul lan njaga panggonan nyabrang kuwi nganti tekan Bèt-bara lan Kali Yordan. 25 Para pemimpiné Midian, yaiku Orèb lan Zéèb ya ditangkep. Orèb dipatèni ing Watu Orèb.+ Zéèb dipatèni ing Panggonan Meres Anggur Zéèb. Wong Éfraim terus ngoyak* wong Midian+ lan nggawa sirahé Orèb lan Zéèb marang Gidéon ing dhaérah Kali Yordan.
-